Senin, 29 Januari 2024

COBO DI WOCO

Wong wadhon yen mung ngandalke rupane sing ayu, nasibe bakal koyo ball.

Iseh enom kinyis-kinyis bokonge cemeblek, lambene cemongkot, lan awake cemekel... Kwi koyo Bola saduk ning lapangam kae, bal siiji di enggo rebutan wong 20, sak apes-apese iseh ono kiper 2 sing siap nampani, cadangane ki lho iseh 22... Sing nonto yo uaakeh..

Bareng umure soyo tambah tuo sitik, wis ketok njaluk dirabeni ora pingin dolanan, opo maneh mung di ajak pacaran ora doyan, nasibe koyo bal voly... Di enggo uncal-ucalan wong 12 rono rene mung pingin nyemes lan nyekel ora ono sik gelem nampani, kepeksane di cekel mung arep di uncalke maneh.

Yen klewat umure soyo ilang cahyane kisut kulite lan bentuke , wis ora patut poto raine dewe
Nasibe Mung koyo kok bola badminton, mung di enggo uncalan wong 2 opo paling akeh 4, di umbul-umbulne di tampleki rono rene, ngarepe di tampani malah mung di cemes sak kenceng-kencenge...nek iso nancep ning lemah...

Tambah tuwek rupo ayu kari sejarahe , sopo wae wis ora ngarep ndulit opo maneh ngerumati, dadi koyo bal golf kae... Di jupuk di toto banjur di di geebuk sak kayange buang sing adoh leboke bolongan lemah.... Bar kwi njupuk ball liyane iseh ono uaakeh ning keranjang kanggo.. Gebukan buang , gebuk buang.

Mangkane ojo mung ngandalke rupo ayu sing ora sepiro suwene kwi, bakal sirno kari bekase...

Dadio wanito sik gemati lan pawih trisnane sing sejati, sebab gusti mung paring rupo ayu ora selawase, supoyo sing di jogo kwi atine udu raine mangkane dadio bola Bekel.. Di pentul-pentulke tetep dicekel karo sik ndue ora bakal di colake, kejobo di pundut sing Nduwe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Penanggalan Jawa

MUGI" MIGUNANI LAN WONG JAWA AJA LALI JAWANE. . #SASI WULAN. . 1. Wadana   : Januari. 2. Wijangga : Februari. 3. Wiyana     : Maret. 4....